Jumat, 20 Maret 2009

(Ārya) tārā namaskāraikavimśati stotram



(Ārya) tārā namaskāraikavimśati stotram
Dwidasa Eka, namaskara (lan) pamuji dumateng bhagavati arya tara


ॐ नमो भगवत्यै आर्यश्री-एकविंशतितारायै
om namo bhagavatyai āryaśrī-ekaviṁśatitārāyai

नमस्तारे तुरे वीरे क्षणद्युतिनिभेक्षणे।
त्रैलोक्यनाथवक्त्राब्जविकसत्कमलोद्भवे॥ १॥
namastāre ture vīre kṣaṇadyutinibhekṣaṇe
trailokya nātha vaktrābja vikasat kamalodbhave 1

Kula menembah dumateng Dewi Tara ingkang tuhu kebat lan prawira
Ingkang pandulunipun kados dene kumethaping thathit
Ing samudera waspa Sang Triloka Nata (Avalokiteshvara)
Sah mijil saking sekar padma. (1)

नमः शतशरच्चन्द्रसंपूर्णेव वरानने।
तारासहस्रकिरणैः प्रहसत्किरणोज्ज्वले॥ २॥
namaḥ śataśaraccandra saṁpūrṇeva varānane
tārāsahasrakiraṇaiḥ prahasatkiraṇojjvale 2

Kula manembah dumateng paduka ingkang pasuryanipun
Persasat kadosdene satus wulan purnami ing wanci rendeng
Ingkang cahyanipun muncar mencorong
Saking maewu-ewu kartika. (2)

नमः कनकनीलाब्ज-पाणिपद्मविभूषिते।
दानवीर्यतपःशान्तितितिक्षाध्यानगोचरे॥ ३॥
namaḥ kanakanīlābja-pāṇipadmavibhūṣite
dānavīryatapaḥśānti titikṣā dhyānagocare 3

Kula menembah dumateng paduka ingkang miyos saking sekar padma nila kencana
Ingkang asthanipun mangastha sekar padma
Kasejaten saking dana lan virya, sila
Ksanti, dhyana lan prajna. (3)

नमस्तथागतोष्णीषविजयानन्तचारिणि।
शेषपारमिताप्राप्तजिनपुत्रनिषेविते॥ ४॥
namas tathāgatoṣṇīṣa vijayānantacāriṇi
śeṣapāramitāprāpta jinaputra niṣevite 4

Kula menembah dumateng paduka ingkang akethu sagung para Buddha
Ingkang solah bawanipun angasoraken balanayaka Mara kang tanpa wilangan
Ingkang sampun anggayuh sedaya kasampurnan jati
Inggih namung dumateng paduka para Bodhisattva tansah mangayom. (4)

नमस्तुतारहुंकारपूरिताशादिगन्तरे।
सप्तलोकक्रमाक्रा[न्ते] अशेषकरुणाक्षणे॥ ५॥
namas tutārahuṁkāra pūritāśādigantare
saptaloka kramākrā[nte] aśeṣa karuṇākṣaṇe 5

Kula menembah dumateng paduka ingkang TUTTARE saha HUM ipun
Anglimputi sakindenging kamadhatu, rupadhatu lan arupadhatu
Paduka sampun nguwaosi saptaloka ing sangandapipun pada paduka
Ingkang sanyata anggadahi panguwaosan medalaken maneka warni kawisesan. (5)

नमः शक्रानलब्रह्ममरुद्विश्वेश्वरार्चिते।
भूतवेतालगन्धर्वगणयक्षपुरस्कृते॥ ६॥
namaḥ śakrā nala brahma marud viśveśvarār cite
bhūta vetāla gandharva gaṇa yakṣa puraskṛte 6

Kula menembah dumateng paduka ingkang tansah kapuja dening Sakra Surapati
Agni, Brahma, Bayu lan Ishvara
Ingkang tansah kapuja kanthi lelangon dening para Gandharwa
Vetala, Guhyaka lan Yaksha. (6)

नमः स्त्रदिति फट्कार परजत्र प्रमर्दिनि।
प्रत्यालीढपदन्यासे शिखीज्वालाकुलोज्ज्वले॥ ७॥
namaḥ strad iti phaṭkāra parajatra pramardini
pratyālīḍha padanyāse śikhījvālā kulojjvale 7

Kula menembah dumateng paduka ingkang TREI lan PEI nipun
Anglebur sedaya guna rencana saking sanes
Suku tengen sila, suku kiwa tumurun jejeg
Prabha paduka dumilah kadosdene uruping dahana. (7)

नमस्तुरे महाघोरे मालवीरविनाशिनि।
भृकुटीकृतवक्त्राब्जसर्वशत्रुनिसुन्दनी॥ ८॥
namas ture mahāghore māravīra vināśini
bhṛkuṭī kṛta vaktrābja sarvaśatru nisundanī 8

Kula menembah dumateng paduka ingkang TURE nipun anglebur
Pralaya gung, Mara kang tanpa upami
Kanthi pandulu kamurkan saking pangaras padma paduka
Ngersa paduka amunah saliring satrumuka tanpa sisa. (8)

नमः स्त्रीरत्नमुद्राङ्कहृदयाङ्गुलिभूषिते।
भूषिताशेषदिक्‍चक्रनिकरस्वकराकुले॥ ९॥
namaḥ strīratnamudrāṅka hṛdayāṅguli bhūṣite
bhūṣitāśeṣa dikcakra nikara svakarākule 9

Kula menembah dumateng paduka ingkang sanget nyengsemaken,
Angrasuk mudra Hyang Triratna ing jaja paduka
Prabha paduka dumilah mepeki sedaya pernah
Kanthi cahya ingkang gumulung gulung. (9)

नमः प्रमुदिताशेषमुक्ताक्षीरप्रसारिणि।
हसत्प्रहसतुत्तारे मारलोलवशङ्करि॥ १०॥
namaḥ pramuditāśeṣa muktā kṣīraprasāriṇi
hasat prahasatuttāre māralolavaśaṅkari 10

Kula menembah dumateng paduka ingkang sayekti sumunar lan kebak ing kabagyan,
Ingkang makutha paduka linimputan dening cahya
Ngersa paduka kanthi suwanten gumujeng TUTTARA
Amilut Mara saha para raja ing sakindenging jagat raya. (10)

नमः समन्तभूपालपतलाकर्षणक्षणे।
चरभृकुटिहूंकारसर्वापदविमोचनी॥ ११॥
namaḥ samanta bhūpāla patalā karṣaṇa kṣaṇe
cara bhṛkuṭi hūṁkāra sarvāpadavimocanī 11

Kula menembah dumateng paduka ingkang kanugrahannipun wenang kapinta
Para dewa para danyang pangersa panggenan
Kanthi citra murka paduka lan geter petering suwanten HUM
Paduka amunah sedaya papa priman. (11)

नमः श्रीखण्डखण्डेन्दुमुक्ताभरणज्ज्वले।
अमिताभजिताभारभासुरे किरणोद्ध्रुवे॥ १२॥
namaḥ śrīkhaṇḍa khaṇḍendu mukutābharaṇa jjvale
amitābha jitābhāra bhāsure kiraṇoddhruve 12

Kula menembah dumateng paduka ingkang akethu candra kirana
Sedaya ageman paduka sayekti ambabar cahya mancorong
Saking gelung Sang Buddha Amitabha paduka
Mencorong cahya mawerni-werni ingkang tuhu ambalerengi. (12)

नमः कल्पान्तहुतभुगज्वालामालान्तरेस्थिते।
आलीढमुदिताबद्धरिपुचक्रविनाशिनी॥ १३॥
namaḥ kalpānta hutabhug ajvālāmālāntare sthite
ālīḍha muditā baddha ripu cakra vināśinī 13

Kula menembah dumateng paduka ingkang dumunung wonten salebeting dahana makantar-kantar
Kados abranipun dahana ing jaman pungkasan menika
Pada tengen paduka kapernah jejeg, pada kiwa paduka sila
Kabagyan alelimengan ing paduka kang sampun amunah sedaya satru. (13)

नमः करतराघाटचरणाहतभूतले।
भृकुटीकृतहुँकारसप्तपातालभेदिनी॥ १४॥
namaḥ kara tarā ghāṭa caraṇā hatabhūtale
bhṛkuṭī kṛta humkāra saptapātāla bhedinī 14

Kula menembah dumateng paduka ingkang padanipun tumapak ing bumi
Lan ingkan asthanipun anepak bumi ing tepi sisih paduka,
Khanti pandulu kamurkan saha suwanten HUM
Ngersa paduka anguwaosi sedaya ing salebeting sapto lampah. (14)

नमः शिवे शुभे शान्ते शान्तनिर्वाणगोचरे।
स्वाहाप्रणवसंयुक्ते महापातकनाशनी॥ १५॥
namaḥ śive śubhe śānte śānta nirvāṇa gocare
svāhā praṇava saṁyukte mahāpātaka nāśanī 15

Kula menembah dumateng paduka ingkang tansah kebak ing kabagyan, kasaenan saha ketentreman,
Ingkang dados pepunden, kabahagyan nirwana
Sampurna rinengga ing SVAHA lan OM
Panglebur sedaya kadosan kang tanpa wilangan. (15)

नमः प्रमुदिताबद्धरिगात्रप्रभेदिनि।
दशाक्षरपदन्यासे विद्याहुंकारदीपिते॥ १६॥
namaḥ pramuditā baddhari gātraprabhedini
daśākṣara padanyāse vidyāhuṁkāra dīpite 16

Kula menembah dumateng paduka ingkang sedaya penderekipun bahagia
Paduka sampun anglebur saliring ripu satru
Dasa aksara mantra anggrenggani ing manah paduka
Kaweruh HUM paduka angganjar kanugerahan kamoksan. (16)

नम[स्तारे] तुरे पादघातहुंकारवीजिते।
मेरुमण्डलकैलाशभुवनत्रयचारिणी॥ १७॥
nama[stāre] ture pādaghāta huṁkāra vījite
merumaṇḍala kailāśa bhuvana traya cāriṇī 17

Kula menembah dumateng TURE ingkang anapakaken pepadanipun,
Ingkang sayektos kajatenipun wijaksara HUM
Ngersa paduka andadosaken wukir Mahameru, Mandara lan Windhya
Saha saindenging Triloka geter pater aru hara. (17)

नमः सुरे सराकारहरिणाङ्ककरेस्थिते।
हरिद्विरुक्तफट्कार अशेषविषनाशिणी॥ १८॥
namaḥ sure sarākāra hariṇāṅka karesthite
hari dvirukta phaṭkāra aśeṣa viṣanāśiṇī 18

Kula menembah dumateng paduka ingkang ing asthanipun amusthi,
Wulan ingkang pindo talaga para jawata,
Kanthi amedar suwanten TARA kaping dwi lan khanti suwanten PEY,
Ngersa paduka amunah wisa tanpa sisa. (18)

नमः सुरासुरगणयक्षकिन्नरसेविते।
अबुद्धमुदिताभोगकरी दुःस्वप्ननाशिनी(नि)॥ १९॥
namaḥ surā sura gaṇa yakṣa kinnara sevite
abuddha muditā bhogakarī duḥsvapnanāśinī(ni) 19

Kula menembah dumateng paduka ing pundi para dewa gana lan yaksa,
Para dewa piyambak saha sedaya kinara nyuwito,
Rerenggan ing astha paduka ambabar kabagyan dumateng sagung dumadi,
Paduka anyirep saliring pancabakah lan kasangsaran tanpa sisa. (19)

नमश्चन्द्रार्कसम्पूर्णनयनद्युतिभास्वरे।
ताराद्विरुक्ततुत्तारे विषमज्वलनाशिनि॥ २०॥
namaś candrārka sampūrṇa nayana dyutibhāsvare
tārā dvirukta tuttāre viṣama jvala nāśini 20

Kula manembah dumateng paduka ingkang anetra pinda surya candra
Akarya padang trawangan cahya sukci ingkang ambalerengi
Anyabda suwanten HARA kaping kalih saha TUTTARA
Anundung bebaya gung ingkang dahat nggegirisi. (20)

नमः स्त्रीतत्त्वविन्यासे शिवशक्तिसमन्विते।
ग्रहवेतारयक्षोष्मनाशिनि प्रवरे तुरे॥ २१॥
namaḥ strītattvavinyāse śivaśakti samanvite
graha vetāra yakṣo ṣmanāśini pravare ture 21

Kula menembah dumateng paduka ingkang rinengga ing tri rupa
Sampurna angrasuk kawisesan katentreman
Paduka amingkut Asura, Vetala sarta Yaksa
Duh TURE, ingkang satuhu linuhung sarta minulya. (21)

मन्त्रमूलमिदं स्तोत्रं नमस्कारैकविंशतिः।
यः पठेत्प्रातः धीमान् देव्याभक्तिसमन्विते॥२२॥
mantra mūlam idaṁ stotraṁ namaskāra ikaviṁśatiḥ
yaḥ paṭhet prātaḥ dhīmān devyābhakti samanvite22

Wus paripurna mantra linuhung sampun kaunjukaken,
dwidasa eka pangesti sampun kapujekaken.
Sok sinteno ingkang kagungan kasampurnan tuwin pakurmatan ingkang sayekti dumateng para dewi meunika,
Piyambak ipun ingkang limpat angunjukaken pepujen menika kanthi adedasar kapitadosan ingkang ageng; (22)

सायं वा प्रातरुत्थाय स्मरेत् सर्वाभयप्रदम्।
सर्वपापप्रशमनं सर्वदुर्गतिनाशनम्॥ २३॥
sāyaṁ vā prātarutthāya smaret sarvābhayapradam
sarva pāpa praśamanaṁ sarva durgatināśanam 23

Ing wanci sonten utawi wanci bangun enjing,
Piyambak ipun bade pikantuk kanugerahan luput ing raos was sumelang awit saking pepujen menika.
Sak sampunipun kasudhamala khanti sampurna saking sadaya dedosan,
Piyambak ipun bade amunah saranduning alam ngagesang ingkang asor. (23)

अभिषिक्तो भवेत् तूर्णं सप्तभिर्जिनकोटिभिः।
मासमात्रेण चैवासौ सुखं बौद्धपदं व्रजेत्॥ २४॥
abhiṣikto bhavet tūrṇaṁ saptabhir jinakoṭibhiḥ
māsamātreṇa caivāsau sukhaṁ bauddhapadaṁ vrajet 24

Lan malih sapta yuta Bhatara Jina (Buddha)
Badhe amaringi maneka warni berkah kanugerahan.
Pramila piyambak ipun bade anampi saranduning kamulyan soho maneka rupa sanesipun,
Ingga kasampurnan Kabuddhan. (24)

विषं तस्य महाघोरं स्थावरं चाथ जङ्गमम्।
स्मरणान्न पदं याति खादितं पितमेव वा॥ २५॥
viṣaṁ tasya mahāghoraṁ sthāvaraṁ cātha jaṅgamam
smara ṇānna padaṁ yāti khāditaṁ pitameva vā 25

Minongko pikolehipun sedaya ikang arupa wisa mandhi,
Ingkang wonten lebet (badan) utawi ingkang sampun sumebar dumateng tiyang sanes,
Ingkang sampun katedho utawi kaunjuk,
Kanthi meniko bade waluyojati kanthi sampurno. (25)

ग्रहजोलविषार्तानां परस्त्रीविषनाशनम्।
अन्येषां चैव सत्त्वानां द्विसप्तमभिवर्तितम्॥ २६॥
graha jola viṣārtānāṁ parastrīviṣanā śanam
anyeṣāṁ caiva sattvānāṁ dvisaptamabhivartitam 26

Piyambak ipun bade saget angasoraken sedaya ulah culika para Yaksa lan pagebluk,
Wisa soho sadaya rerupan kasangsaran.
Ing pangangkah mugi raharjaning diri pribadi utawi tiyang sanes,
Piyambak ipun amaos pepujen menika kanthi tuhu kaping 2, 3 utawi 7. (26)

पुत्रकामो लभेत् पुत्रं घनकामो लभेद्धनम्।
सर्वकामानवाप्नोति न विघ्नैः प्रतिहन्यते॥ २७॥
putrakāmo labhet putraṁ dhanakāmo labheddhanam
sarvakāmā navāpnoti na vighnaiḥ pratihanyate 27

Ingkang angajengaken peputra badhe nampi putra,
Lan ingkang angajengaken bandha badhe nampi bandha kanthi gampil,
Tanpa cubra sadaya pikajenganipun badhe amanggih kanyatan,
Lan sedaya rupa pepalang badhe musna nalika gegotro. (28)

[ngandap menika mboten dipunwaos)

इति श्रीसम्यक्संबुद्धवैलरोचनभाषितं भगवत्यार्यतारादेव्या
नमस्कारैकविंशतिनामाष्टोत्तरशतकं बुद्धभाषितं परिसमाप्तम्।
iti śrīsamyaksaṁbuddhavairocanabhāṣitaṁ bhagavatyāryatārādevyā
namaskāraikaviṁśatināmāṣṭottaraśatakaṁ buddhabhāṣitaṁ parisamāptam

Mangkono pangandikane Sri Samyaksambuddho Vairochana; dvidasa eka namaskara (lan) pamuji dumateng bhagavati arya tara devi, pakurmatan dumateng buddha sampun paripurna.



Dipun werdekaken ing basa Jawi dening Rama Sumatijnana.
Rampung sinerat ing titiwanci dinten Senin Pon, wulan Sura tanggal kaping 8, tahun Jawi 1942.